Sayembara Juragan Tambak

Onok juragan tambak jenenge Kaji Muklis ngadakno sayembara.

"Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Montor." jare Kaji Muklis.

Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur nang tambak. Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo, nyambik, bajul lan sak panunggalane.

Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang anyar. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.



Akhire ambek Kaji Muklis hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah sak isine. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro Sebo njegur nang tambak.

Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Sebo gelut ambek boyo. Kiro-kiro wis sak jam, akhire Sebo tampil sebagai pemenang. Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.

Wis mari ambekan, Kaji Muklis marani arep nyerahno hadiae, tapi Sebo nolak.

"Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta" jare Kaji Muklis, tapi Sebo tetep nolak.

"Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Kaji Muklis maneh, Sebo tetep gak gelem.

"Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti" jare Kaji Muklis gak gelem kalah.

"Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene" jare Sebo.