Kholis, Bogel ambek Paidi enak-enak cangkruk di sore hari.
Moro-moro Jamilah, anake Pak Tarjo, liwat numpak sepeda.
Arek telu iku langsung ngowo ndhelokno.
" Arek ayune koyok ngono lek turu yok opo yo ?" jare Kholis.
"Lek turu yo merem rek. Lak mosok koyok awakmu, lek turu nyengir koyok jaran" jare Bogel.
"Maksudku, klamben tah gak ngono lo". jare Kholis.
"Lek ngono, engkok bengi diinceng tah ?" jare Bogel gunggungan.
"Wah iyo rek tepak rek." jare Kholis.
Lha Paidi iku awake gedhe tapi wonge gocik.
"Gak melok-melok aku. Mboke sangar rek. Kapanane Fendik digebeg duren raine bundhas kabeh" jare Paidi.
"Omahe lak tingkat. Ngene ae. Awakmu lak gedhe tah. Tugasmu nggendhong
aku ambek Bogel. Aku sing ndhik ndukur. Lek wis ketok, aku nyeritakno
nang Bogel, terus Bogel nyeritakno nang awakmu." jare Kholis maneh.
"Yo wis setuju." mari ngono arek telu iku buyar ngenteni bengi.
Bengine, sesuai rencana Paidi sing paling ngisor, mari ngono Bogel ndhik tengah terus Kholis paling ndukur.
"Areke lagi surian" Kholis mulai cerito.
"Areke lagi surian" Bogel nerusno ndhik Paidi.
"Yo tah?." jarene Paidi.
"Areke lagi bukak klambi" Kholis cerito maneh.
"Areke lagi bukak klambi" Bogel nerusno ndhik Paidi.
"Mosok se?." jarene Paidi, ambek sikile mulai kemeng.
Moro-moro Paidi ndhelok onok sentolop seko kadhoan.
"He rek onok Hansip, age cepetan" mari ngono arek telu iku semburat ndhelik.
Mari ngono, Hansipe nggoleki gak ketemu. Onoke mek karung telu.
Ambek Hansipe karunge disuadhuk.
Sing pertama isine Kholis, pas disadhuk munine "Meeoong."
"Oooh kucing tibake" pikire hansipe
Sing keloro isine Bogel, pas disadhuk munine "Guk..guk!."
"Oooh kirik tibake"
Lha sing terakhir iku isine Paidi, bingung katene muni opo.
Bareng disadhuk dhadhak munine "Kentaaang !".