Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kholis katene ngaso ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluke, Kholis mencolot kuaget.
"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare jin'e.
"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki ambek jin" jare Kholis.
"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir. Opo maneh awakmu wis kadung
koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.
Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jin'e maneh.
"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kholis
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe Kholis wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jin'e.
"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange." jarene Kholis.
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro Kholis wis nang njero omah mewah. Kholis sueneng gak karuan.
"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan cik gak getun" jare jin'e.
Ambek merem-merem mbayangno, Kholis njaluk,"Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh".
Pas katene melek, samar-samar Kholis krungu suorone wong wedhok rame
ambek keroso awake dicekel cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kholis mulai curiga.
Bareng melek, Kholis kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kholis wis dhadhi Tahu.
