Mendem Avtur

Sebo ambek Pesek koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian pengisian BBM Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.

"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Sebo.
"Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe ?" jare Pesek.
"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak tah ?" Sebo mulai gunggungan.


Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.
Isuke pas Sebo tangi, rasane awake sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibake Pesek sing nilpun.

"Yok opo kon Boh..?" jare Pesek
"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Sebo.
"Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?" jare Pesek.
"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak maneh tah ?" jare Sebo.
"Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?" takok Pesek.
"Dhurung.." jare Sebo.
"Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak kuatmu. ." jare Pesek.
"Lho opoko masalae ..?" Sebo bingung.
"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.."