Nyumet Mercon

Dharmono pethuk ambek konco lawase sing jenenge Jainul.
Pas ketemu arek loro iku podho kagete mergo Dharmono ambek Jainul podho-podho sirae petal, raine gosong ambek untune yo podho bogange.
Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho bocele.

Numpak Taksi

Kholik mari mulih nyervis komputer nang customere kiro-kiro jam rolas bengi, gak nggowo sepeda mergo lagi diservis nang bengkel.
Embong wis suepi, gak onok Lyn sing lewat, ojek yo gak onok.
Kholik malih merinding disko opo maneh ketepakan saiki malem Jum'at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire.

Koyok Bajak Laut

Saipul pethuk ambek Muklis koncone sing dines ndhik angkatan darat.
Tibake Muklis iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras.
Sing luwih nemen maneh, motone Muklis kari sing kiwo. Moto sing tengen wis cumplung ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.


"Lho Pul, sikilmu opoko ? " takok Muklis.
Mari ngono Saipul cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.

Angon Wedhus

Kholis kepethuk wak Khoridi lagi angon wedhus.

"Wak Khor, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Kholis
"Yo lumayan " jare wak Khoridi
"Pira kabehe, Wak ?" takon Kholis maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'