Angon Wedhus

Kholis kepethuk wak Khoridi lagi angon wedhus.

"Wak Khor, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Kholis
"Yo lumayan " jare wak Khoridi
"Pira kabehe, Wak ?" takon Kholis maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wak Khoridi ambek ngarit suket

Kholis takon maneh.

"Mangan sukete yo akeh pisan, Wak.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

Kholis bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.

"Wak, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"

"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."