Koyok Bajak Laut

Saipul pethuk ambek Muklis koncone sing dines ndhik angkatan darat.
Tibake Muklis iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras.
Sing luwih nemen maneh, motone Muklis kari sing kiwo. Moto sing tengen wis cumplung ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.


"Lho Pul, sikilmu opoko ? " takok Muklis.
Mari ngono Saipul cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.

"Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?" Saipul genti takok nang Muklis.

"Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul. Pas iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene sikilku dhadhi mek sithok".

"Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke beras ?" Saipul takok maneh.

"Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak. Moro-moro barakku dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung tughel. Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok blas, akhire aku gelem. " jarene Muklis maneh.

"Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ? Kelilipen granat tah ?" Saipul takok maneh.

"Oooo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku iku mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ". jare Muklis.

"Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk isok motone cumplung". Saipul mulai gak percoyo.

"Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk" jare Muklis.

"Lho opoko ?" takok Saipul.

"Iku pas dino pertama aku nggawe cathok beras".