Nostalgia

Pas wayahe bulan purnama, Kholis ngejak Jamilah ngelencer nostalgia numpak bronpit.

Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
"Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang tau kepungkur pas pacaran biyen ?" jare Kholis.
"Iyo cak, setuju." jare Jamilah.


Mari ngono, Jamilah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku iku.
Terus ambek Kholis, Jamilah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran biyen.
Moro-moro, Jamilah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh.
Ndelok bojone giras ngono, Kholis tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.

"Waduh dik, awakmu kok cik girase " jare Kholis.
"Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. ."