Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Tarjo nuangis koyok wong kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.
"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare cak Tarjo.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak tarjo kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare cak Tarjo.
Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Tarjo tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.
"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare cak Tarjo.
Mari anake turu maneh, genti cak Tarjo sing gak isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.
Isuke bojone cak Tarjo genti sing nangis berok-berok.
"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare cak Tarjo.
"Iku lho Cak.... bakul bakso langgananku mati...."
"Lhoo....?!" jare cak Tarjo