Bojo Mbabarno

Bojone Kholik mbobhot guedhe, wis kari ngitung dino.
Jare konco-koncone, onok dukun sekti jenenge Wak Jo sing isok mindahno lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.
Mergo kepingin nyenengno bojo, Kholik manut opo jare konco-koncone.
Pas wis wayahe, Kholik ngeterno bojone ndhik nggone Wak Jo.
Karo Wak Jo, Kholik ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone wong babaran.
Gawe permulaan Kholik njaluk seprapat dhisik.
Ambek Wak Jo, Kholik sikile dicancang tali rapia terus dikongkon cekelan amben sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.
Mari moco aji-aji, Wak Jo mulai mindahno lorone bojone Kholik sing wis tambah mules.
Tibake Kholik menter gak bengok-bengok blas. Wak Jo bingung, cik kuate arek iki. Malah Kholik njaluk ditambah maneh lorone.
Ambek Wak Jo dipindahno maneh lorone sampek separo.
Tibake Kholik tetep menter gak keroso loro blas.
Mergo sik keroso kuat, Kholik njaluk ditambah maneh lorone sampek telung prapat.
Masio bingung Wak Jo tetep nuruti panjaluke Kholik iku.
Tibake Kholik sik pancet menter, cumak rodhok pucet sitik.
Jarene Kholik, "Wis Wak Jo, lorone kekno aku kabeh ae, cek'e bojoku gak usah ngerasakno loro blas".
Mari ambekan dhowo, Wak Jo ngepolno tenogone gawe mindahno lorone ndhik Kholik kabeh.
Gak sui ngono baye'ke langsung lahir.
Bojone Kholik ketok seger mergo gak loro blas, baye'ke yo seger, Kholik yo sik isok mesam-mesem.
Ambek Wak Jo, Kholik disalami, "Hebat awakmu nak".
Gak sui Kholik sak keluarga pamitan mulih.
Bareng katene mlebu montor, supire Kholik digugah mueneng ae, tibake wis mati ...