Muklis, Imron ambek Kholis kerjo ndhik pabrik paralon.
Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Kholis wonge rodhok koplak sitik.
Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisiki, jam loro awan
ngono wis amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.
"Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan pisan" jare Muklis.
Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae arek telu iku melok amblas.
Muklis gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda montore.
Lek Imron mek salin thok terus budhal mancing.
Kholis thok sing mulih omah, langsung njujug kamar.
Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone.
Dhadhak malah Kholis dhewe sing kaget.
Masalae pas lawange dibukak Kholis ndhelok bojone lagi turu ambek bosse.
Mari ndhelok ngono, Kholis nutup lawange maneh alon-alon terus minggat.
Menene Imron ngejak mulih ndisiki maneh, "Lumayan rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe".
"Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae" jare Muklis.
Kholis thok sing gak gelem "Gak wis, gathik!!!. Kapok aku".
"Lho opoko kon iku.?" takok konco-koncone.
"Soale wingi aku meh konangan.."