Yuk Ida lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek.
Gak sui Yuk Ida diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.
Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Ida, "Ning, arek iki ngombe ASI opo susu botol ?"
"ASI pak dokter . . ." jare Yuk Ida.
"Wah lek ngono tulung aku perlu merikso susu sampeyan, " jare doktere.
Yuk Ida nurut ae, klambine dibukak.
Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.
Yuk Ida seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan.
Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, "Waduh Ning, yo pantes bayek sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu."
Jare Yuk Ida, "Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ".
"Lha sopo maneh lho ? ." doktere bingung.
"Aku iki ewange . ."
