Mari dikelamuti pedhet, Paidi dilapurno nang polisi ambek bapake Jamilah.
Ambek polisine Paidi terus dilebokno penjara.
Tibake penjarane wonge sangar-sangar, brewokan, dempal-dempal akeh tatone.
Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah, korak lan sak panunggalane.
Paidi malih wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara.
Pas wayahe antri mangan, Paidi mulai oleh konco.
"Awakmu wong anyar yo ?" jare konco anyar iku.
"Iyo . . ." jare Paidi.
"Wis gak usah pusing, ndhik penjara iku malah enak. Mangan ditanggung,
klambi dijatah, turu gak mbayar. Opo maneh ndhik penjara iki awakmu isok
nglakoni sing jenenge Mo Limo sak tuwukmu." jare koncone Paidi.
"Lho cik enake. Opo ae acarane ndhik kene?" paidi takon.
"Bengi iki malem Senen, acarane maling. Kabeh napi ndhik kene saling
copet-copetan. Lha dhuwike bakal digawe main malem Seloso sisuk.
Awakmu arek anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh, mergone biasane
arek anyar sing dikongkon dhadhi bandare ", jare koncone Paidi.
"Oo gak masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi bandar buntutan. Tapi lek digerebeg polisi yok opo ?" jare Paidi.
"Katene digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik penjara. Lha
malem Rebone iku acarane minum. Biasane arek anyar koyok awakmu
dikongkon ngentekno bir limang botol", jare koncone Paidi.
"Oo gak masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku" jare Paidi.
"Mari ngono, malem Kemise iku acarane madhat. Pokoke sembarang onok, ganja, sabu-sabu, heroin, sak tuwukmu", jare koncone Paidi.
"Wah tepak wis, lek aku senenge sabu-sabu. Tapi lek kecekel polisi yok opo ?", jare Paidi.
"Lek awakmu nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus dilebokno penjara.
Lha wong awakmu wis ndhik penjara, katene dilebokno endhi maneh. wis
tah, pokoke aman." jare koncone Paidi.
"Wah sip lek ngono. Lha malem Jum'at acarane opo?" jare Paidi.
"Awakmu homo tah dhudhuk ?" takon koncone Paidi.
"Ngawur ae, aku iki normal rek !!!" jare Paidi.
"Wah berat iki cak", jare koncone Paidi.
"Lho opoko masalae?" takon Paidi.
"Soale malem Jum'at, malem Sabtu ambek malem minggu iku acarane madhon. Lha biasane arek anyar iku sing dhadhi wedhoke ".
Paidi,: "jancik..."
