Mesti Kuwalik

Mari raine digebeg duren, akhire Fendik njaluk metu. Mari ngono, Pak Tarjo oleh ewang anyar jenenge Darmono. Lha Dharmono iku awake dempal cumak wonge ndlahom, lek diperentah musti ngelakonine kewalik.
Isuk-isuk, Jamilah ambek mboke ngrasani Dharmono.
"Mak, ewange Bapak iku lho uwantik poll wonge. Wingi lak dikongkon Bapak ngedhuk sumur cik tambah jeru, lha terus lempunge digawe nguruk pekarangan. Lha pas sore kate ngangsu, Bapak iku muring-muring nggoleki sumure gak onok. Tibake jare Dharmono, sumure wis diuruk roto. Pekarangane sing malah bogang kabeh. Ngono Bapak gak wani, jarene wedhi digibheng ".
Mboke Jamilah cerito pisan.
"Iku sik gak sepiro, lha wingi iku Dharmono tak kongkon tuku pithik. Aku pesen tulung brutune buaken, terus susuke simpenen ngisore bantalku. Dhadhak pas aku katene turu, bantalku kok mbendhol. Tibake bantalku diganjel brutu. Bareng tak takoni endhi dhuwik susuke. Wis tak buak, jarene."
Pas enak-enak cerito, moro-moro krungu suoro Pak Tarjo berok-berok ndhik pawon.
"Tulung ! ! Tulung ! ! "
"Waduh blaen iki. Age cepetan, bapakmu selak mblonyoh kabeh" jare mboke Jamilah.
"Lho Bapak lak sik mbangkong se" jare Jamilah.
"Iyo. Tapi Dharmono mau tak kongkon nggodhok pohong gawe sarapane Bapakmu !!".