Darmono lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe.
Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas katene mbayar, Darmono ditakoni kasire.
"Mbah Dar, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing.
Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare Komari, kasire.
Darmono gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik Komari.
"Iki kucingku " jare Darmono ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.
Sisuke Darmono teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Komari.
"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe." jare Komari.
Darmono gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Komari.
"Iki asuku " jare Darmono ambek mbayar biskuit balung gawe asune.
Sisuke Darmono teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.
"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Komari.
"Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno.
Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Darmono.
Pertama Komari rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Darmono akhire Komari wani. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus.
Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.
Komari misuh-misuh gak karuan, "Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."
"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ?". Jare Darmono,
