Ngumbah Kucing

Wak Ran tuku rinso ndhik tokone Khoridi.
"Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?" takok Khoridi.
"Aku katene ngumbah kucing" jare Wak Ran.
"Gak salah tah Mbah." Khoridi bingung.
"Iyo soale kucingku akeh tumoe." Jare Wak Ran.
"Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah" Khoridi ngilingno.
"Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo" jare Wak Ran.
Mari mbayar, Wak Ran mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wak Ran teko maneh ndhik tokone Khoridi kate tuku rokok.
"Yok opo kucing sampeyan Mbah ?" Khoridi takon.
"Kucingku mati " jare Wak Ran.
"Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo" jare Khoridi nyeneni.
"Kucingku mati gak mergo rinso" jare Wak Ran njelasno.
"Opoko lho ??" Khoridi gak sabar.
"Tak peres . . . ."