Sore-sore mari udhan, Wak Ran mancing nang got cilik ndhik ngarepe warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot, Wak Ran ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wak Ran.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng yo onok sing cuek ae.
Gak sui Kholis teko katene andhok pisan. Bareng ndhelok Wak Ran koyok ngono langsung gak mentolo.
"Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok kawatir. " jare Kholis.
Pertama Wak Ran isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge," jare Kholis.
Mari mangan warek, Kholis ngejak Wak Ran ngobrol.
"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwake ?" takok Kholis.
"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak uwen-uwen. " jare Wak Ran.
"Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?" jare Kholis gak percoyo.
"Awakmu sing ke limo . . ."
