Kulit Mongso Kulit

Pak Tarjo ndhuwe anak wedok jenenge Jamilah. Anake iki waduh uwayune pol.
Selain iku Pak Tarjo yo nduwe pembantu jenenge Fendik. Pembantune iki areke mbethik.
Masio nakal tapi Fendik iku areke sregep, dikongkon sembarang mesti gelem.
Lha Fendik iku wis suwe ngesir Jamilah. Berhubung de'e pembantu dadi Fendik gak wani nggudho langsung.
Akhire Fendik oleh kesempatan. Pas Jamilah turu ndhik kamar, Bapake jamilah nyeluk Fendik teko kamare,
"Ndik . . Fendik, Bapak jupukno sandal ndhik kamare Jamilah cepetan".
"Iyo pak, tak jupukno" jare Fendik, mari ngono Fendik mlebu nang kamare Jamilah
"Lah . . Jamilah, aku dikongkon bapak ngambung pipimu" jare Fendik.
Jamilah kaget lan gak percoyo, "Ndik.. koen ojok kurang ajar lho. Engkok koen tak kandakno Bapak."
Fendik terus mbengok banter," Pak..pak.. Jamilah gak gelem pak."
Bapake Jamilah emosi dibengoki Fendik, mari ngono ngomong banter,
"Lah,,, Jamilah kekno ae, ojo nbantah perintahe Bapak."
Jamilah terpaksa manut, terus pipine diambung karo Fendik.
Mari ngambung pipine Jamilah, Fendik njupuk sandale terus mblayu nang kamare Bapak, "Pak.. pak, iki lho sandale sampeyan," jare Fendik.
Mari ngono Pak Tarjo metu teko kamar. Pak Tarjo kaget ndhelok Jamilah nangis,
"Lah.. Jamilah awakmu opoko kok nangis??".
"Aku mari diambung karo Fendik", jare Jamilah.
"Opoo !!!" jare Bapake Jamilah ngamuk, saking ngamuke sampek kepentut-pentut.
"Ndik ... Fendik koen kok wani ngambung Jamilah ??!!!".
"Pak .. pak, sampeyan ngono ae kok ngamuk, iki lak cuma kulit mongso kulit " jare Fendik.
Akhire Bapake Jamilah gak sidho ngamuk didem-demi Fendik.
Gak suwe ibuke Jamilah mulih tekan pasar. Ibuke Jamilah kaget pisan ndhelok Jamilah nangis.
Bareng ngerti lek Jamilah diambung Fendik, Ibuke Jamilah terus muntap, duren sing sik tas dituku dijupuk terus digebekno nang raine Fendik.
Fendik nangis geru-geru ngrasakno lorone. Mari ngono Bapake Jamilah ngomong nang Fendik,
"Ndik . Fendik, iku lak cumak kulit mongso kulit ae. Mosok ngono ae wis nangis".
"Pancene sampeyan iku gendeng Pak !! " jare Fendik ambek nangis.