Mari ngunci kandang sapi, Dharmono mergoki onok arek menek ondho katene mlebu kamare Jamilah.
Ambek Dharmono, ondhone digedrok-gedrok sampek malinge ceblok.
Mari ngono, malinge diseret dilebokno kandang ndhik mburi omah.
Mari klambine dicopoti kabeh, malinge iku mau dicancang nang cagak.
"Kapokmu kapan !!, mene isuk tak lapurno juraganku, saiki turuo ae sing enak" jare Dharmono.
Isuke Dharmono ngejak bapake Jamilah marani maling sing dicancang Dharmono.
Bareng diparani tibake malinge semaput, awake pucet, peok, ambune basin, ambek dhodhone abhang kabeh.
"Lho No, iki lak Paidi sing mbiyen nginceng anakku. Waduh saknone arek iki No, mari kon kelamuti tah No?".
"Lha lapo aku ngelamuti maling !!!, sampeyan takokno dhewe nang areke".
Mari diguyang banyu, malinge tangi maneh. "Opoko kon iku Le?" jare Bapake Jamilah.
"Ampun Pak... sak wengi aku bengok-bengok gak onok sing nulungi. Pedhet sampeyan iku gak onok mboke tah ?".
