Pikun

Sore-sore Sarman nangis geru-geru ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe.
Gak suwi Sebo liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni.
"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Sebo.
"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe." jare Sarman ambek nangis.
"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?." Sebo mulai bingung.
"Ngene lho bo, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Sarman.
"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Sebo tambah bingung.
"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Sarman maneh.
"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis geru-geru gak mari-mari ?" Sebo wis gak sabar meneh.
"Masalae aku lali ndhik endhi omahku ...."