Nguntal Yuyu

Sore-sore Sarman dijak cangkruk karo ngobrol ambek Khoridi.
"Man. Jare arek-arek koen wis rabi ping telu. Yo tah ? " Khoridi takon.
"Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. " jare Sarman.
"Lho kok isok ?" jare Khoridi.
"Sing pertama mati nguntal yuyu. " jare Sarman
"Lha sing kedua ?" Khoridi takon maneh
"Sing kedua mati nguntal yuyu. " jare Sarman.
"Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan " jare Khoridi kemeruh.
"Gak. Matine mergo tak gibheng." jare Sarman.
"Lho opoko ?" takok Khoridi.
"Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."